Kamis, 21 April 2016

Numpak Pesawat Ngapak Airline

Kaya ngapa rasané ya nék numpak pesawat NGAPAK AIRLINE lan mendarat ning BANDARA INTERNASIONAL PURWOKERTO?

Mbuh taun pira jéré neng Purwokerto arep ana bandar udara (bandara), apa maning bandara Internasional. Jan maén temenan, kayongé Purwokerto tambah ramé lan prepegan pisan ditekani turis-turis manca negara. Lha mbuh kayangapa rasané numpak montor mabur NGAPAK AIRLINE jurusan Purwokerto-Jakarta terus disuguhi pacitan gethuk goréng utawa mendoan anget karo pramugarine? Ngombéné clebek panas apa dhawet ayu Banjarnegara? Jan wis pokoké nylekamin pisan enggané.



Seumpamané Ngapak Airline kuwé wis ana temenan lan Bandara Purwokerto wis bukak, pimén dulur kira-kira kahanané ning njero pesawat? Derungokna bae kiye pramugariné agi ngomong maring penumpang:

"Ladies and Gentleman!!!, Kangmas lan mbekayu, Dulur- dulur ngapakers penumpang kabeh ingkang kinormatan.

"Tepangaken kula kru pesawat Ngapak Airline, pilot Kapten Dalban Sugino lan kulo piyambek pramugari Dartem Susilowati."

"Sedéla maning montor mabur arep mangkat. Sedurungé inyong karo pramugari liyané arep nidokna carané ngadepi kahanan darurat."

"Klambi plembungan ana nang dlesepan ngisor korsi, dinggo nék montor mabur mandek nang nduwur banyu. Carané jikot klambi, sekang dlesepan terus dinggo, tarik taliné bén klambiné mlembung. Pipa karét di damu bén lampuné kelap kelip dadi bisa dideleng sekang kadohan.Klambi kuwé aja dicolong atawa digawa bali, nék konangan bisa ditempilingi Kang Pilot."
"Lawang montor mabur kiye ana nem , loro nang ngarep, loro nang cewiwi, terus loro maning nang mburitan/brutu."

"Nek pesawat kurang hawa nggo ambekan, mengko metu déwék masker oksigén sekang pyan/ loteng. Nek masker mencotot, gageyan dinggo, ambekan kaya biasané dibrongsongna maring cungur lan cangkem, aja ngos-ngosan, marakna liyané pada wedi. Nék nggawa bocah cilik ya bocaéh ndisit sing detulungi, melas lah. Ora usah kedagar-dagar, sing aso baen…ya lur."
"Semono pengumuman sekang inyong, nek arep pada maca majalah apa koran, kuwe ana nang dlesepan kursi ngarepé rika kabeh."

"Nék arep nguyuh utawa ngising, kakuse nang mburitan nganah. Aja nguyuh kambi udud, mbok kobaran mengkone lan nek konangan bisa detempilingi karo Kang Pilot. Aja nguyuh ning kakus ngarep, kae kakuse wong sugih."
Nek arep ngrungokna Curanmor kaki Samidi utawa guyonan Peyang Penjol utawa wayang kulit Ki Dalang Gino, ya ngonoh pada nyetel Tipi sing ning ngarep kursine dhewek-dewek…de kepénak bae lah..

"Wis lah, deneng nyong ngomong bae ya…cangkeme kesel kiye, mudheng-ra mudheng bodoa lah. Sing penting inyong wis kanda karo rika kabeh."
"Moga-moga kabeh pada slamet waras bisa mudun maning lan bisa ketemu karo rama biyunge maning."

Kaya kuwe dulur ngapaker penunmpang kabehan, kesuwun wis nganggo pesawat NGAPAK AIRLINE........"

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

 

MENDOAN

MENDOAN

KALEM BAE

KALEM BAE

NGAPAKER'S

ORA NGAPAK ORA KEPENAK

ABOUT NGAPAK

Apa si ngapak ya? ngapak kuwe sebutan kanggo dialek sing biasa dinggo omong-omongan sedina-dinane nang wong banyumas lan sekitare. Wilayahe termasuk banyumas dewek, purbalingga, banjarnegara, cilacap lan sebagian kebumen (khususe wilayah gombong). Nang ngapa jane dijenengi ngapak? jan-jane kiye mung go sebutane wong-wong wetan (wong-wong sing manggone nang wilayah sewetane banyumasan). Ndean nang kupinge wong-wong wetan sering krungu, nek wong banyumas agi ngomong koh kayane "ngapak ngapak". Jan jane si, wong banyumasan kuwe wis kawentar blaka suta. contone kaya kiye, nek nang tulisan "apa" wong banyumasan wis mesti macane dadi "apa", sejen karo wong wetan (udu banyumasan) alias wong bandekan. Wong bandekan nek maca tulisan "apa" mesti dadi "opo". nah kuwe mung contoh. esih akeh maning kata-kata sing pengucapan "a" dadi "o". kuwe menurute wong banyumasan dewek. Trus maning, nek ana tulisan "anak", nek banyumas ngomong mesthi dadi "anak" (huruf "k" diucapna jelas banget, sampe-sampe nyeklok huruf "k"). Kiye sejen banget karo wong bandekan utawa wong wetan, nek ngomong kata-kata sing pol-polane hurufe "k", deweke ra jelas ngucap huruf "k", mandan samar-samar utawa alus. Nah kiye akhire ndadekna wong banyumasan nek ngarani wong wetan dadi wong alus. saking aluse olih ngomong ndean ya. sampe huruf sing kudune de waca malah macane ora pati nggenah. jan pancen ora kaya wong ngapak. "a" de omong "a" , "k" ya de omong "k". Pokoke banyumasan ya apa anane. Utawa blaka suta.

WONG NGAPAK

WONG NGAPAK

NGAPAKER'S

NGAPAKER'S

NGAPAKNESIA

NGAPAKNESIA