Selasa, 26 Juli 2016

Pantun Ngapak

Pitik bangkok,
diempani roti..
Aja ngrokok,
engko cepet mati..


Rogoh towe,
terus disate..
Aku seneng kowe,
deneng kowe meneng bae..


Tuku getuk
karo ampase..
Aja kur mantuk,
wis maksud rung kowe..


Maring manado,
nang kana dilombo..
Kowe bocah bodo,
rupamu kaya kebo..


Tuku tampah,
nembe digawe..
Aja brisik lah,
tek kepret nggawe..


Manuk manyar,
menclok nang tetean..
Duwe pacar,
ndina-ndina fesbukan..


Wit kelapa,
nang pinggir umah,
Aku ora papa,
santai bae lah..


Tuku awu,
nggo asah-asah..
Mingkem sewu,
nek manga sah..


Tuku rambutan,
nang prapatan..
Nek sekolah kerudungan,
Nek nang ngumah tank topan..


Klambi kotor,
kerebelan rambut..
Ngridit motor telung wulan dicabut..


Belajar kelompok karo Kaces,
Malah kertase di uwes-uwes..
Pancen kowe kuwe bocah rembes,
Wis ngerti gedebog malah di engkes-engkes..


Lunga meng konter tuku hp seken,
Duite di long ramane nggo tuku topi laken..
Dadi bocah koh kaya kuwe temen,
Aring nini-nini masa ngomong demen..


Bali sekolah aku melu mbawon,
Bar kuwe gari ramane prentah kon angon..
Dasar cangkem mu kuwe cangkem lanyon,
Wis mbojo be urung omongane kelon..


Telung jam aku ngenteni,
Nang pantai teluk penyu..
Sing jenengane Dini,
Memang pancen unyu-unyu..


Di prentah biyunge kon tuku labu,
Malah nang warung diledeki nang ibu-ibu..
Dasar pancen kowe wong kubu,
Kon mangan es krim malah ngrokoti tebu..


Keburan nang kali karo ngrogoih towe,
Di colek baya tapi aku meneng bae..
Mbuh lah aku bebeh karo kowe,
Salaeh sapa wingi tek sengi meneng bae..


Njujugna kondangan maring karang tengah,
Nang prasmanan masakanne kurang uyah..
Numpak montor koweaja nang tengah-tengah,
Apa sih ujare dalane mbah mu yah..


Di wei pitik babon bangkok,
Nek tes ngendog petok-petok..
Oalahh dasar bocah pekok,
Cilik-cilik kowe wis ngrokok..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

 

MENDOAN

MENDOAN

KALEM BAE

KALEM BAE

NGAPAKER'S

ORA NGAPAK ORA KEPENAK

ABOUT NGAPAK

Apa si ngapak ya? ngapak kuwe sebutan kanggo dialek sing biasa dinggo omong-omongan sedina-dinane nang wong banyumas lan sekitare. Wilayahe termasuk banyumas dewek, purbalingga, banjarnegara, cilacap lan sebagian kebumen (khususe wilayah gombong). Nang ngapa jane dijenengi ngapak? jan-jane kiye mung go sebutane wong-wong wetan (wong-wong sing manggone nang wilayah sewetane banyumasan). Ndean nang kupinge wong-wong wetan sering krungu, nek wong banyumas agi ngomong koh kayane "ngapak ngapak". Jan jane si, wong banyumasan kuwe wis kawentar blaka suta. contone kaya kiye, nek nang tulisan "apa" wong banyumasan wis mesti macane dadi "apa", sejen karo wong wetan (udu banyumasan) alias wong bandekan. Wong bandekan nek maca tulisan "apa" mesti dadi "opo". nah kuwe mung contoh. esih akeh maning kata-kata sing pengucapan "a" dadi "o". kuwe menurute wong banyumasan dewek. Trus maning, nek ana tulisan "anak", nek banyumas ngomong mesthi dadi "anak" (huruf "k" diucapna jelas banget, sampe-sampe nyeklok huruf "k"). Kiye sejen banget karo wong bandekan utawa wong wetan, nek ngomong kata-kata sing pol-polane hurufe "k", deweke ra jelas ngucap huruf "k", mandan samar-samar utawa alus. Nah kiye akhire ndadekna wong banyumasan nek ngarani wong wetan dadi wong alus. saking aluse olih ngomong ndean ya. sampe huruf sing kudune de waca malah macane ora pati nggenah. jan pancen ora kaya wong ngapak. "a" de omong "a" , "k" ya de omong "k". Pokoke banyumasan ya apa anane. Utawa blaka suta.

WONG NGAPAK

WONG NGAPAK

NGAPAKER'S

NGAPAKER'S

NGAPAKNESIA

NGAPAKNESIA