Kamis, 21 April 2016

HP Baru Udin dan Dawir

Kisah 2 pemuda dari Karangtengah yang baru punya Hand Phone (HP), Udin & Dawir.

Udin : “Wir, agi ngapa kowe....dening nyekeli pager umah bae....”
Dawir : “Iya kiye Din, Inyong arep ngisi pulsa.......”
Udin : “Trus, apa hubungane ngisi pulsa karo nyekeli pager umah? Telpon bae operator... mesti beres!!”
Dawir  : “Nah kuwe masalahe, Din.....operatore ngomong ngongkon "tekan pagar", tapi wis tek pencet ping pira bae isih ora mlebu pulsane, jempole inyong nganti lecet giyeh....!!”
Udin : “hahaha....Kuwe sich durung sepira, Wir, inyong lewih gemblung maning di kerjani operator.”
Dawir : “Loh kepriwe sih?”
Udin : “Kowe isih mending dikongkon menceti pager, lah inyong di kongkon "mencet bintang", Ujare inyong Gatotkaca apa di kongkon maring langit??!!?. Uwis pada gemblung ndeyan yah operatore... ??”



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

 

MENDOAN

MENDOAN

KALEM BAE

KALEM BAE

NGAPAKER'S

ORA NGAPAK ORA KEPENAK

ABOUT NGAPAK

Apa si ngapak ya? ngapak kuwe sebutan kanggo dialek sing biasa dinggo omong-omongan sedina-dinane nang wong banyumas lan sekitare. Wilayahe termasuk banyumas dewek, purbalingga, banjarnegara, cilacap lan sebagian kebumen (khususe wilayah gombong). Nang ngapa jane dijenengi ngapak? jan-jane kiye mung go sebutane wong-wong wetan (wong-wong sing manggone nang wilayah sewetane banyumasan). Ndean nang kupinge wong-wong wetan sering krungu, nek wong banyumas agi ngomong koh kayane "ngapak ngapak". Jan jane si, wong banyumasan kuwe wis kawentar blaka suta. contone kaya kiye, nek nang tulisan "apa" wong banyumasan wis mesti macane dadi "apa", sejen karo wong wetan (udu banyumasan) alias wong bandekan. Wong bandekan nek maca tulisan "apa" mesti dadi "opo". nah kuwe mung contoh. esih akeh maning kata-kata sing pengucapan "a" dadi "o". kuwe menurute wong banyumasan dewek. Trus maning, nek ana tulisan "anak", nek banyumas ngomong mesthi dadi "anak" (huruf "k" diucapna jelas banget, sampe-sampe nyeklok huruf "k"). Kiye sejen banget karo wong bandekan utawa wong wetan, nek ngomong kata-kata sing pol-polane hurufe "k", deweke ra jelas ngucap huruf "k", mandan samar-samar utawa alus. Nah kiye akhire ndadekna wong banyumasan nek ngarani wong wetan dadi wong alus. saking aluse olih ngomong ndean ya. sampe huruf sing kudune de waca malah macane ora pati nggenah. jan pancen ora kaya wong ngapak. "a" de omong "a" , "k" ya de omong "k". Pokoke banyumasan ya apa anane. Utawa blaka suta.

WONG NGAPAK

WONG NGAPAK

NGAPAKER'S

NGAPAKER'S

NGAPAKNESIA

NGAPAKNESIA